Jumat, 24 Oktober 2008

TANGGAL 26 NYOBLOS !

Tanggal enemlikur rong dina maning. Awit senen wingi, kabeh tiket kereta maring arah timur nteng kabeh ! Hebat ya ? Wong Tegal pan hajatan gede, tiket kereta ntong kabeh !
Jagoane sing katon menang pasangan Ikmal-Habib. Jarene, mengko terminal Tegal sing igin anyar kae pan dipindah (maning) mbuh maring ngendi. Terus terminal sing saiki didadekaken terminal feeder busway, bisnis gede gawananne ikmal sing lagi laris manis tahun-tahun mburi kiye.... Piben ? Pocine wong Tegal bakal ngebul terus beleh kiye angger walikotane ganti mengko ? Tambah manteb apa tambah anta ?

Jumat, 10 Oktober 2008

TEGAL LAKA-LAKA

TEGAL KEMINCLONG, MONCER KOTANE
Laka wong sing ora kenal "Tegal". Kabeh wong kenal "warteg" alias warung Tegal. Kabeh wong kedanan "sate Tegal." Akeh wong ketagihan nyruput teh karo gula batu, moci ala Tegal. Akeh wong kesengsem karo "sauto Tegal" sing sedep, dep, dep nganggo tauco. Luwih akeh maning wong sing pada nggoleti "sarung tenun goyor", asli Tegal ! Wis, pokoke Tegal Laka-laka ! Tegal keminclong, moncer kotane .... !

Sinok karo Sitonge Tegal ya ayu-ayu, bagus-bagus wis. Ireng sitik kulite ora pa-pa, sing penting tetep apikan, apa anane, ora tahu nggorohi, la kue... sifate wong Tegal. Apa maning angger wis ngango batik Tegalan sing motife gede-gede, kelire warna-warni, nganggo kebaya ireng khas Tegal digelung cepol Tegalan nganggo perhiasan benggol duit lawas, pasti tambah manglingi !

HUT TEGAL
Tahun kiye, 2008, Tegal umure wis 428 tahun. Wis tua ya ? Berarti Kota Tegal anane sekitar awit tahun 1580. Hari jadi kota Tegal dewek dirayakna kayonge saben tanggal 12 April. Ceritane, lagi jaman perang, masyarakat Tegal angger pan "konsolidasi" ngadepi landa, ngandani wong-wonge nganggo musik khas Tegal "balo-balo." Katone tah, wong sing pada nabuh balo-balo cuman nembang bae, padahal tembangane kue strategi perang ngalahaken landa sing pada njajah ! Hebat-o ya ? Bukti awit mbiyen, wong Tegal pancen kreatif !


TEGAL BAHARI, KTP GAMBAR KAPAL
Slogane kota Tegal kue, Tegal Kota Bahari. Iya, soale wilayah Kota Tegal anane nang pesisiran pantai utara Pulau Jawa (pantura). Dadi, mayoritas masyarakate salah sijine ya nelayan, nggolet iwak maring ngendi2. Pokoke, lagu nenek moyangku orang pelaut, sah ditembangaken karo warga tegal kabeh, soale, nenek moyange pancen pelaut .... ! Iya beleh ?

Mugane, KTP-ne wong Tegal, gambare kapal ! Coba dideleng maning, angger ngerasa wong Tegal, pasti nduwe KTP sing gambare kapal ! Warteg-warteg juga pasti ana tulisane warteg bahari. Iya o-ya ?

Tegal, wilayahe persis diantara pertemuane telung (3) jalur utama, yaitu maring arah kulon, ngidul, karo wetan. Mugane, angger saben pan badanan, Kota Tegal ramene nemen, soale diliwati arus mudik maring telung penjuru kae mau. Dadine, wong Tegale dewek angger bulan pasa, ora bisa metu omah, soale dalane kebek, pan lunga-lunga angel nyebrange, terus rutene ya diubeng-ubengaken, ndisiti tamune sing pan pada liwat. Apikan ya wong Tegal ?

PILKADA PERTAMA
Tahun kiye, Tegal pan ngadakna pilkada, pemilihan kepala daerah sing pertama secara otonom. Katone tah rame nemen. Persaingane lumayan ketat. Para balon (bakal calon) walikota & wakil wali kota akeh sing wong asli Tegal. Bursane ya komplit, ana sing birokrat, pengusaha, artis nasional, ulama, ora kalah calon wadone ya ana ! Top nemen wis pokoke ! Mugane, sing ngerasa wong Tegal, kudu balik nganggo nyoblos, Minggu, 26 Oktober 2008. Aja kelalen loh ! Rugi, angger ora pada melu nggedekna kotane dewek, melu pesta demokrasi sing pertama kanggo Kota Tegal. Ngenteni maning limang (5) tahun ngarep tah kesuwen, aja-aja peraturan otonomi daerahe wis laka maning, wis dicabut ! Ha3x... !

Kamis, tanggal 9 Oktober 2008, para calon walkot & wawali wis pada presentasi visi & misi ning ngarepane anggota DPRD Dati II Kota Tegal. Jadi, saiki menjelang tanggal enemlikur (26) Tegal lagi rame-ramene kampanye. Mugane pada balik... nonton Tegal pesta demokrasi... pasti apik... !