Kamis, 02 Desember 2010

BALAI YASA TEGAL RAIH ISO 9000:2008

Balai Yasa Tegal, kantor sing pegaweane ngurus, nggawe karo mbeneraken kereta nduwe PT. KAI (gembiyen PJKA) meraih ISO 9000:2008, Rabo, 2 Desember 2010. Prestasi Balai Yasa Tegal kuwe bebarengan karo Balai Yasa Yogyakarta sing entuk sertifikasi pada sedina sadurunge, Selasa, 1 Desember 2010.

Sertfikasi ISO 9000:2008 Balai Yasa Tegal kuwe dingehi saka Badan Sertifikasi Internasional sing pusate ana nang Jerman. Perolehan sertifikasi kuwe nandakna angger pegaweanane Balai Yasa Tegal kuwe wis diakoni dunia, termasuk faktor keamanan produk sing digawe, yaitu kereta api sing aman dinggoni karo masinis lan penumpange.

Luar biasa, saben sasi, ana bae prestasine Tegal sing membanggakna ! Ayo warga Tegal, pada balik yuh ! Mbangun Tegal eben dadi kota sing luwih maju ! Selamat, Tegal pancen laka-laka !

TEGAL KOTA BEBAS KORUPSI



Peringatan Hari Pahlawan 10 November 2010 wingi, Tegal entuk penghargaan sing membangakan. Tegal menduduki peringkat kedua Kota Paling Bebas Korupsi menurut survey sing dilakoni karo KPK. Kota paling bebas korupsi Denpasar.

Jarene wong sirik ngomentari prestasi Tegal kue "Apane sing pan dikorupsi, Tegal laka apa-apane ?" Komentar kaya kue ora susah dirungokna. Sing penting Tegal pancen laka-laka. Prestasi sing wis diraih kudu dipertahankan. Semoga penilaian kiye bisa luwih apik neng tahun-tahun ngarep. Dudu merga penghargaane tapi pancen karna wong Tegal kue wong-wong sing apikan ora tahu korupsi. Selamat !