Minggu, 11 April 2010

12 April 2010, HUT TEGAL ke-430

Dina kiye Kota Tegal ngerayakna Hari Jadine sing ke-430. HUT Kota Tegal ditandani karo upacara bendera nang alun-alun Tegal dipimpin langsung karo Ikmal Jaya, Walikota Tegal, sebagai inspektur Upacara. Kabeh unsur pemerintah daerah Kota Tegal teka maring upacara HUT Kota Tegal dina kiye karo dihimbau kabeh eben nganggo klambi batik khas Tegalan.

Tema HUT Kota Tegal ke-430 tahun kiye yaiku "Tegal Sehat" terus mengkone bakal berlanjut karo tema-tema sing ora kalah apik inssya Allah nang HUT KOta Tegal selanjute. Maksude tema kuwe ya berarti tahun kiye Kota Tegal bakal memprioritasaken kesehatan masayarakat Tegal nang sakabehan lapisan, termasuk sehat penyelenggaraan pemerintahane sing bebas korupsi kudune ya ?

Minggu, 11 April 2010 wingi, profile Kota Tegal dimuat nang surat kabar nasional, harian Kompas, utamane menyangkut 'perbadokan'. Ha3x ... Maksude panganan ... Ngendi maning angger dudu Sauto Senggol alun-alin mburi pos polisi sing nang pojokan. Mudah-mudahan, Kota Tegal semakin menarik kanggo liputan media massa liyane salawase ....

Kanggo Kota Tegal, semoga Kota Tegal eben dadi Kota sing maju masyarakate, industrine, pemerintahane, bocah sekolahane, baharine ... dadi Kota sing bisa makmuraken kabeh masyarakate. Amin ! Tegal Bahari, Selamat Ulang Tahun, Sukses, Tegal, pancen laka-laka ! Dirgahayu Kota Tegal ke-430 ! Tegal Keminclong, Moncer Kotaneeeee ... !

Tidak ada komentar: