Senin, 12 April 2010

JAJAN KETAN

Lugune, jajan ketan nang ngendi-ngendi kuta pada baen. Sing sok sejen paling jenenge, tapi ujud panganane ya pada baen.

Nang Tegal, ada jajan diaranine "alu-alu" sing digawe seka ketan digulung kaya lontong terus dikukus. Mangane diglundungaken maring kelapa parut sing gurih enom wis ditambahi garem. Angger sing seneng manis, ejin ditambahi maning karo kinca, gula jawa sing digodok karo banyu sitik. Angger sing seneng gurih ya dipangan kaya kuwe baen, nggo kelapa. Wong sumatera warahi "alu-alu" kuwe lupis atawa lopis, tapi biasane ujude segitiga.

Ana maning jagung sing direbus tapi wis diuculi tuli. Anggere wis mateng diglundungaken maring kelapa parut. Jenenge "blendung" angger nggon liya mbuh jenenge apa. Sing lucu tah klepon. Angger nang Tegal sing jenenge klepon ujude cilik-cilik nemen, ayu-ayu. Tapi angger mangan klepon nang Jakarta ... idih, dih, dih ... gede nemen sung ! Ora mengeni ! Wuakakakak !

Ketan, nang ngendi-ngendi ya pada. Ana ketan putih, ketan abang karo ketan ireng. Sing seneng gurih dipangane nggo kelapa parut tok. Sing seneng manis bisa ditambahi kinca, srundeng atawa pencok sing pedes.

Ana maning sing liyane ongol-ongol, kapur sing kelire ijo, gemblong, awul-awul, cenil, klepon, macem-macem wis pokoke. Sing pasti enak-enak. Angger sing cilike urip nang ndesa, pasti tahu weruh jajanan ketan khas Tegal kiye. Angger ana sing durung tahu weruh, ya bisa tuku nang alun-alun, gari milih. Wis disawang gambare, sing durung tahu dipangan sing ngendi ... ?

Tidak ada komentar: