Senin, 31 Mei 2010

MENARA AIR TEGAL

Salah siji kawasan kota tua sing apik nggo disawang nang Kota Tegal kuwe Menara Air sing saiki dadi kantor PAM kota Tegal. Menara Air, dibangun tahun 1931 karo pemerintahan Belanda. Mugane, prasasti sing ana nang ngarep Menara Air munine ya nganggo Basa Belanda.

Menara Air Kota Tegal lokasine ana nang kawasan alun-alun, persis nang ngiringane Kali Gung. Sebelah tengene ana Gedung Kampus Panca Sakti sing dibangun luwih ndisit, tahun 1913. Sekomplek karo Gedung Menara Air, ana omah tua, ora kalah apik sing dibangun barengan karo Menara Air. Kayonge, gembiyen omah kuwe ndisite omah pejabat pengairan jaman kuwe.

Jare Pak Mul, pegawai sing saiki nunggoni Menara Air luwih saka 20 tahun, Gedung Menara Air kuwe duwure sekitar 40 (patang puluh) meter. Sekitar 20 (rong puluh) meter sing ngisor ana tangga mubeng sing apik nemen. Sateruse, angger pan munggah ana tangga monyet (tangga besi) anjog nduwur nemen.

Saka atap sing nduwur nemen nang Menara Air, bisa katon Kota Tegal mubeng apik nemen. Pai karo laute sing biru katon, Gunung Slamet sing ayu ya katon, aja maning Mesjid Agung karo alun-alun sing cedek nemen.

Awit gembiyen, Menara Air jadi siji-sijine lokasi kanggo mbayar retribusi banyu warga sakota Tegal. Anjog samrene, khata saiki mbayar PAM wis bisa saka bank, ATM atawa petugas sing manggon nang mal-mal, Kantor PAM Kota Tegal tetep mempertahanaken Menara Air kanggo mbayar banyu warga sakota Tegal.

Menara Air juga berguna kanggo wara-wara pemerintah jaman gembiyen kanti Pemda Kota Tegal saiki. Samisale kanggo ngumumaken waktu imsak, dung maghrib buka puasa, mengheningkan cipta Hari Pahlawan, peringatan detik-detik Proklamasi setiap tanggal 17 Agustus persis jam 10.00 isuk, lan liya-liyane. Angger warga Tegal sok krungu muni sirine, wong Tegal nagranine muni "ngung" , sing seru nemen, lha kuwe munine saka Menara Air.

Durung tahu munggah Menara Air ? Mugane, dolan maring Menara Air, disawang, dirawat sing temenan, eben kawasan Kota Tua Tegal tetep terawat lan bisa dadi daya tarik wisatawan lokal & manca negara. Tujuane eben Kota Tegal bisa menjadi Kota tujuan wisata budaya, kuliner dan perdagangan sing menguntungkan bagi warga masyarakat lan pembangunan Kota Tegal.

Wis, saiki disawang gambare, terus dirawat kotane ya ... Apik nemen oya ?

2 komentar:

agung mengatakan...

Wah.... saya dah buktikan dalemnya tuw... naik sampe to the TOP...
"cuma butuh sdikit keberanian aja..."...

FIRLLY mengatakan...

Wah, hebat temenan kyeh Mas Agung. Ayo fotone dishare ...