Tampilkan postingan dengan label Kawasan Kota Tua Tegal. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Kawasan Kota Tua Tegal. Tampilkan semua postingan

Senin, 31 Mei 2010

MENARA AIR TEGAL

Salah siji kawasan kota tua sing apik nggo disawang nang Kota Tegal kuwe Menara Air sing saiki dadi kantor PAM kota Tegal. Menara Air, dibangun tahun 1931 karo pemerintahan Belanda. Mugane, prasasti sing ana nang ngarep Menara Air munine ya nganggo Basa Belanda.

Menara Air Kota Tegal lokasine ana nang kawasan alun-alun, persis nang ngiringane Kali Gung. Sebelah tengene ana Gedung Kampus Panca Sakti sing dibangun luwih ndisit, tahun 1913. Sekomplek karo Gedung Menara Air, ana omah tua, ora kalah apik sing dibangun barengan karo Menara Air. Kayonge, gembiyen omah kuwe ndisite omah pejabat pengairan jaman kuwe.

Jare Pak Mul, pegawai sing saiki nunggoni Menara Air luwih saka 20 tahun, Gedung Menara Air kuwe duwure sekitar 40 (patang puluh) meter. Sekitar 20 (rong puluh) meter sing ngisor ana tangga mubeng sing apik nemen. Sateruse, angger pan munggah ana tangga monyet (tangga besi) anjog nduwur nemen.

Saka atap sing nduwur nemen nang Menara Air, bisa katon Kota Tegal mubeng apik nemen. Pai karo laute sing biru katon, Gunung Slamet sing ayu ya katon, aja maning Mesjid Agung karo alun-alun sing cedek nemen.

Awit gembiyen, Menara Air jadi siji-sijine lokasi kanggo mbayar retribusi banyu warga sakota Tegal. Anjog samrene, khata saiki mbayar PAM wis bisa saka bank, ATM atawa petugas sing manggon nang mal-mal, Kantor PAM Kota Tegal tetep mempertahanaken Menara Air kanggo mbayar banyu warga sakota Tegal.

Menara Air juga berguna kanggo wara-wara pemerintah jaman gembiyen kanti Pemda Kota Tegal saiki. Samisale kanggo ngumumaken waktu imsak, dung maghrib buka puasa, mengheningkan cipta Hari Pahlawan, peringatan detik-detik Proklamasi setiap tanggal 17 Agustus persis jam 10.00 isuk, lan liya-liyane. Angger warga Tegal sok krungu muni sirine, wong Tegal nagranine muni "ngung" , sing seru nemen, lha kuwe munine saka Menara Air.

Durung tahu munggah Menara Air ? Mugane, dolan maring Menara Air, disawang, dirawat sing temenan, eben kawasan Kota Tua Tegal tetep terawat lan bisa dadi daya tarik wisatawan lokal & manca negara. Tujuane eben Kota Tegal bisa menjadi Kota tujuan wisata budaya, kuliner dan perdagangan sing menguntungkan bagi warga masyarakat lan pembangunan Kota Tegal.

Wis, saiki disawang gambare, terus dirawat kotane ya ... Apik nemen oya ?

Rabu, 07 April 2010

GEDUNG DANLANAL

Ora akeh wong Tegal sing ngerti angger Tegal nemenane tah kota sing nduwe sejarah hebat. Angkatan Laut Negara Kesatuan Republik Indonesia, lahir jebrol nang Tegal. Laksamana Yos Sudarso, dadi tokoh sing nggawe Angkatan Laut Indonesia kuat lan kuwe asale saka Tegal. Mugane, monumen Yos Sudarso dipasang persis nang ngarepane Gedung DPRD II Kota Tegal wis awit lawas.

Gedung Danaal Tegal anane persis nang totogan, prempatan Kantor Pos. Jebule, kawasan Gedung DPRD, Kantor Pos karo Gedung Danlanal nemene tah Kawasan Kota Tua nang Tegal. Gedunge lawas-lawas, paik-apik, termasuk toko-toko pecinan karo klentenge.

Dongane angger awake dewek gelem ngematna, Tegal kuwe nduwe akeh crita karo peninggalan sejarah sing menarik kanggo ditularaken maring anak cucu. Mugane, sing ngerawa wong Tegal kudu melestarikan sejarah Kota Tegal eben tetep apik lan dikenal wong akeh ....

Senin, 05 April 2010

GEDUNG DPRD II KOTA TEGAL

Gedung DPRD II Kota Tegal, gembiyen dimanfaatna kanggo Kantor Walikota. Jamanne Indonesia menang piala Thomas Cup, Hastomo Arbi, Liem Swie King, Chandra, karo liya-liyane ya diarak mubeng Tegal mbengine resepsi nang Teras Gedung kiye.

Awit tahun 1988 - an, gedung tua kiye beralih fungsi dadi kantor DPRD II Kota Tegal. Khase gedung tua, Gedung DPRD II kiye arsitekture kuno, kuat tur adem. Sanggane gede-gede, lawange ya gede-gede, terus atape duwur nemen.

Saiki, Gedung DPRD II lagi direnovasi ... bagian njerone, tapi bagian ngarepe tetep dipertahananken dadi warisan kota tua nang Kota Tegal.