Sabtu, 24 November 2012

BATIK TEGALAN

Katone kakehan warga Tegal laka sing paham nemen soal batik Tegalan. Donge eman-eman ya. Soale batik nang kuta liya-liyani wis dadi kebanhggaan kebudayaan asli lokal. Sing katon nemen batik Cerbonan sing terkenal karo motif mega mendunge. Aja maning batik Solo sing ciri-cirine kelir sogan, coklat enom. Ana maning batik Jogja sing ciri-ciri kelire dasar putihan. batik Pekalongan karo motif pesisirane sing werna-werna ayu nemen embuh wis awit kapan terkenal. Saiki, batik Sidorajo, Batik Madura, Batik Garut alon-alon mulai memposisikan diri eben ngetop kaya batik Cerbonan, Jogja, Solo lan liya-liyane.

Pimen batik Tegalan ? Dongane batik Tegalan ora kalah unik. Batik Tegalan biasa dinggo nang acara-acara adat khusus warga lokal misale seserahan lamaran, bayi puputan, kawinan, sitong-sinok lan acara-acara adat liyane.

MACEM BATIK TEGALAN
Batik tegalan lugune ana 2 (rong) macem, batik klasik karo batik modern. Asline batik Tegalan ya klasik sing didominasi kelir ireng. Tapi saiki mengikuti perkembanga jaman lan tuntutan pasar, batik Tegalan mulai nggawe motif modern sing kelire luwih werna-werna.

Sitike, batik klasik Tegalan maceme luwih saka sepuluh ;
1.Beras mawur
2. Cempaka Putih
3. Kawung
4. Kembang Pacar
5. Gribigan
6. Manggaran
7. Sawatan
8. Sidamukti beras mawur
9. Rambut brintik
10. Gribigan tumpal
11. Kuku macan
12. Pilus

Nah, batik modern Tegalan umume digawe mengadopsi seka motif kalsik tapi dingehi kelir sing luwih werna-werna, misale :
1. Gedong kosong
2. Kembang sepatu
3. Remekan
4. Pring-pringan
5. Beras mawur abangan
6. Putihan
7. Sidamukti abangan
8. Pring-pringan gedong kosong
9. cecek ngaweh
10. Merak
11. Godong tales
12. Godong tales kosongan
13. Kembang sepatu
14. Kupu mabur
15. Sawatan modern
16. Anggur

PENGRAJIN BATIK TEGALAN
Pengrajin Batik tegalan awit gembiyen pancen ora akeh. Saiki baen, daerah sentra batik Tegalan anane nang mblusuk-mblusuk mlebu kampung. salah sijine desa Keturen, sekampung anane yang mung 200 pengrajin.

Para pengrajin desa Keturen kiye, saiki mulai ngajari warga masyarakat Tegal nggo sinau mbatik Tegalan. Jajal eka maring sanggar belajar nang sebelahe Bale Desa Kelurahan Tegal Sari, seben Rabu karo Jemuah ana pelatihan mbatik Tegalan. Muali awit jam loro awan anjog sore. Pelatihan dasar kiye suwene telung wulan. Jenenge mung ajaran dasar, dadi nembe diajari mbatik teori karo praktek gawe taplak. Kaeh, sapa sing tertarik langsung baen maring Tegal Sari takon, kapan pelatihan berikute dimulai.

POTENSI BATIK TEGALAN
Kadongane, Batik Tegalan potensi dikembangna dadi industri primadona nggo masyarakat Tegal. Saiki tinggal pembinaan karo koperasi sing bisa memfasilitasi pengrajin eben nduwe pandangan, wawasan, pencerahan juga motivasi luwih jos.

Koperasi diperlukna eben hasil produksi Batik tegalan ana sing nampung terus ana sing masarna. Pancen saiki, pengrajin Batik Tegalan egin mbatik kanggo ngisi waktu disambi ngemong bocah. Tapi aja salah, pengrajin batik Tegalan sering ditekani pelanggan seka luar kota nggo gawe batik sesuai pesanan lan motif tertentu, semisale motif ondel-ondel, teh-teh-an sing tentu bae kuwe dadi hak milik sing nggawe motif.

Nah, warga lan sedulur kota Tegal kabeh, ayo, majukna budaya Tegal khususe batik Tegalan eben bisa dadi industri primadona lan memajukna perekonomian sekaligus kebanggaan warga masyarakat Kota Tegal. Angger gembiyen bocah sekolah Tegal diajari nggawe ndog asin, saiki wis wektune bocah sekolah dipajari gawe batik Tegalan. Dinas Pendidikan Tegal donnge bisa menyikapi hal kiye secara positif eben potensi kota Tegal menjadi tanggung jawab seluruh lapisan masyarakat. Wis ya, nggo warga Tegal sing ngranto nang luar kota atawa luar negeri, aja klalen terus promosi lan ngoleh-ngolehi pisan-pisan kancane batik Tegalan. Tegal pancen laka-laka, Tegal Kemoncer, Moncer Kotane ! Ya raaaaa... ?