Rabu, 07 April 2010

TEGAL CAR FREE DAY

Tegal saiki nduwe kebiasaan anyar. Saban dina Minggu awit jam 05.00 isuk subuh-subuh nganti jam 08.00 kawasan alun-alun dadi kawasan bebas kendaraan bermotor atawa "car free day". Dadi, pas jam kuwe, kawasan laun-alun bisa kanggo olah raga masyarakat Tegal disambi mangan, sarapan kupat glabed nang pinggirane alun-alun karo nyawang Mesjid Agung Tegal sing kuna tapi tetep ... ngangeni angger suwe ora ndeleng.

Kawasan alun-alun Tegal saiki wis luwih apik. Nang bunderane alun-alun ana panggonan lungguhan sing bentuke kapal-kapalan kelir biru. Khas nemen Tegal Bahari wis pokoke. Ditambah maning, bakul sing dodolan ngiteraken alun-alun komplit nemen, awit sega ponggol, lengko, kupat glabed kanti bubur kajang ijo ana kabeh. Pokoke angger sing ora tahu balik Tegal pasti pangling wis nyawang Tegal ....

Tidak ada komentar: