Rabu, 07 April 2010

PAI SAKI ....

Angger nyawang foto kiye ... pasti ora ngandel angger kiye foto Pantai Alam Indah (PAI) Tegal. Apik nemen ya ... PAI Tegal saiki ayu nemen. Tetep dadi tujuan favorit masyarakat Tegal nggo olah raga saban Sabtu karo Minggu isuk, seliyane alun-alun.

PAI Tegal saiki ana museum bahari sing mameraken sejarah kekuatan bahari NKRI jaman perang mbiyen. Ana kapal mabur, ana tank, apik wis nggo sinau bocah-bocah. Seliyane kuwe, nang PAI saiki ana jembatan sing pengunjung bisa mlaku maring tengah pantai. Pengunjung juga bisa nyewa kapal eben bisa luwih maring tengah.
Bakulan ? Aja takon ... Tegal panggonane panganan. dadi pan maring alu-alun atawa maring PAI, bakulan akeh nemen. Angger sing pengen berenang, bocah-bocah bisa nyewa ban eben ora kelep. Sing pengen mancing bisa lungguhan nang mercusuar abang.

Mangkat maring PAI jam lima isuk entes subuhan, pemandangane apik nemen, ndelengaken matahari-ne kaya ndog ceplok. Apiiiiik nemen ... !

1 komentar:

Anonim mengatakan...

Saiki PAI wis apik temen ya?
Aku wis tahunan ora maring kene, kangen juga. Rame banget ya? Biyen lagi aku cilik sering dolan mrene :D