Rabu, 07 April 2010

KUPAT GLABED PAK MACHALI


Awit cilik ... angger adine aku sinau (angger aku ora tau sinau ! wuakakakak), anjog bengi, biasane njaluk ditukukna karo jasak kupat glabed special kanggo "doping". Wis-o, jasak mlaku maring alun-alun, bungkus kupad glabed. Tapiiii sing dadi andalan mesti kupat glabed pak Machali, njero alu-alu ngarepanen stasiun.

Lagi kuwe regane paling sewu mangatus ndean seporsi. Diulekna rawit sing akeh karo ditambah sate kerang kayong enak nemen sung. Katone tah pancen biasa baen, tapi jenengane panganan khas ya mesti rasane sedep.

Pokoke angger pan mangan kupat glabed randugunting, ya ... maring alun-alun baen, goleti warunge Pak Machali. Tapi angger pan mangan kupat glabed margadana atawa kupat blengong, ya maring tegal sari baen. Mburi omah ana sawah, sing jenenge bakul kupad glabed blengong rentengan akeh nemen dodolan nang kana. Mangan kupat, sate blengong (bebek) karo nyawang sawah sore-sore bagda ashar ... silir-silir ... Waduh ... laka-laka wis pokoke ... !!!

Tidak ada komentar: