Senin, 05 Oktober 2009

SAUTO TEGAL

Panganan khas Tegal kiye jenenge sauto, sauto Tegal. Ujude pancen mirip soto umume, bedane, sauto Tegal ditambahi tauco, mugane jenenge suato. Mangan sauto bisa nggo' lontong, bisa nggo' sega. Tambahi sambel kecap sing pedes, dijamin maknyus !!!

Mangan sauto Tegal sing enak akeh nggone. Sing perek, mburine pos polisi alun-alun atawa pasar senggol. Mangan sauto enak maning sambi mangan tahu goreng karo kerupuk, wis pokoke mertua liwat ora katon ! Ana maning nggone nyoto sing enak perek pagongan. Tapi pokoke pada enake.

Piben, aja nggole duit terus. Ndang balik terus nyoto ! Nyoto, est teh manis karo tahu aci goreng, enak nemen sung ... !