Tampilkan postingan dengan label Makanan Khas Tegal. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Makanan Khas Tegal. Tampilkan semua postingan

Senin, 12 April 2010

JAJAN KETAN

Lugune, jajan ketan nang ngendi-ngendi kuta pada baen. Sing sok sejen paling jenenge, tapi ujud panganane ya pada baen.

Nang Tegal, ada jajan diaranine "alu-alu" sing digawe seka ketan digulung kaya lontong terus dikukus. Mangane diglundungaken maring kelapa parut sing gurih enom wis ditambahi garem. Angger sing seneng manis, ejin ditambahi maning karo kinca, gula jawa sing digodok karo banyu sitik. Angger sing seneng gurih ya dipangan kaya kuwe baen, nggo kelapa. Wong sumatera warahi "alu-alu" kuwe lupis atawa lopis, tapi biasane ujude segitiga.

Ana maning jagung sing direbus tapi wis diuculi tuli. Anggere wis mateng diglundungaken maring kelapa parut. Jenenge "blendung" angger nggon liya mbuh jenenge apa. Sing lucu tah klepon. Angger nang Tegal sing jenenge klepon ujude cilik-cilik nemen, ayu-ayu. Tapi angger mangan klepon nang Jakarta ... idih, dih, dih ... gede nemen sung ! Ora mengeni ! Wuakakakak !

Ketan, nang ngendi-ngendi ya pada. Ana ketan putih, ketan abang karo ketan ireng. Sing seneng gurih dipangane nggo kelapa parut tok. Sing seneng manis bisa ditambahi kinca, srundeng atawa pencok sing pedes.

Ana maning sing liyane ongol-ongol, kapur sing kelire ijo, gemblong, awul-awul, cenil, klepon, macem-macem wis pokoke. Sing pasti enak-enak. Angger sing cilike urip nang ndesa, pasti tahu weruh jajanan ketan khas Tegal kiye. Angger ana sing durung tahu weruh, ya bisa tuku nang alun-alun, gari milih. Wis disawang gambare, sing durung tahu dipangan sing ngendi ... ?

Minggu, 11 April 2010

SATE KAMBING MUDA KHAS TEGAL

Ilate wong Tegal angger wis urusane sate, ibarate SOP, standare duwur nemen. Biasa mangan sate nang nggone dewek nang Tegal sing mantab, angger mangan sate atawa kambing nang nggone liya, kayong angel nemen ngomong enak !

Wis awit mbangkanane, Tegal identik karo sate kambing. Padahal Tegal kuwe kota Bahari ya ? Tapi saliyane iwak jebule sate kambinge juga mak ... duuuuul !!! Saking enake ! Kambing, nang tangane wong Tegal, bisa dadi sate kambing sing mpuk nemen, kambing guling sing ... laka-laka enake, dengkil sing ... edan sedepe !

Mugane balik Tegal angger mangan sate maring warung ngendi baen, tetep pada enake. Enak kabeh ! Mangan sate panggone sing akeh nang daerah debong. Akehe nemen bakul sate perek dampar sepur debong pojokan !

Dengkil, lunga baen nang pagongan, angger ora maring tirus jalan 2. Ana dengkil dimasak lombok ijo kayong nggawe klalen marinng maratua ! Ana maning dengkil barang/kikil ... maring alun-alun. Bisa mangan kuping, pipi, ilat, otak, karo sak ndase kambing sisan kayong dikecapi karo ulekan rawit karo rajangan brambang tomat, wis laka maning sing luwih enak timbang kiye. Klalen rasane ? Mugane baliiiiiikkkk Tegal sing kerep !!! Ditunggu ya ... karo bakule !

SEGA KUNING

Sega kuning, nang ngendi-ngendi kuta ana. Tapi nang Tegal ... tetep ... paling enak ! Laka-laka ! Awit tahun jebot, bakulan sega kuning sing enak ya manggone ora pindah2, pusate pancen nang jalan veteran, perek kantor pos.

Saiki, sing dodolan sega kuning kayonge wis ganti. Angger biasane kudu mlebu dapure sing dodol, saiki sing dodol sejen. Ora kalah enak, ibune sing dodol nggeret gerobak, manggon nang emperen too jl. veteran.

Kae, delengaken, lauke ana aduk-aduk tempe, kering tempe, serundeng, suwir ayam opor, irisan ndog opor, sambel goreng kentang, acar timun kuning, oseng rebung, komplit wis pokoke ! Limang ngewu ... dijamin sedep !!!

Penasaran ? Ibune sing ngedol apikan nemen maning ! Mugane balik Tegal sing kerep, eben ora nyawang gambare baen tok !!! Ngiler oya ... ?